Blogger Template by Blogcrowds

Terima kasih atas kunjungan anda, semoga dengan hadirnya blog ini dapat bermanfaat untuk menambah pengetahuan serta ilmu kita sebagai sarana belajar, karena keterbatasan maka kami memerlukan artikel dari para pengunjung untuk menambah referensi kita dan akan dipostingkan di blog ini, untuk pengiriman bisa anda kirim ke alamat e-mail kami aimar_get@yahoo.co.id atau extracomp@yahoo.com, Sedangkan untuk chatting serta kontak person secara langsung dapat anda lakukan pada menu kontak person yang telah kami sediakan pada blog ini.

Mari kita sebagai orang yang mempunyai budaya yang beragam-ragam kita lesatarikan budaya kita sehingga budaya yang di miliki tidak akan pernah hilang lagi serta di di aku oleh negara lain. Dijaman dulu di Daerah Jawa khususnya di Jawa Tengah sangat terkenal sekali tembang-tembang macapat yang sekarang hampir generasi muda di mengenalnya lagi. Dengan tembang tersebut adalah sebagai sarana untuk dahwah para wali songo dalam menyebarkan agama islam sehingga di harapkan dengan itu dapat di kenalkan islam ke masyarakat luas dengan mudah dimengerti ajarannya. Ayo semua kembali bernostalgia dengan tembang-tembang tersebut agar kita mengenal nya kembali sehingga generasi yang akan datang masih mengenal budaya tersebut. Adapun jenis-jenis tembang-tembang macapat terdiri dari :

1. Dhandhang Gula
2. Sinom
3. Pocung
4. Kinanthi
5. Durmo
6. Gambuh
7. Megatruh

Adapun contoh tembangnya atau liriknya sebagai berikut :


DHANDHANG GULO

1.Kaki ayo padha dipun eling
Wajibe urip neng ngalam donya
Siro ugo satriyo arane
Luwes tindak tandukipun
Kudu anteng sakehing budi
Luluh lirih yen ngandikan
Resep lamun den rungu
Gawe legane pro mitro
Biso nuju prono tur ngati-ati
Dadiyo leganing liyan

2.Kuwjibane satriyo kaki
Tuhu patuh dhawuhing Yang Widi
Telung bab saranane
Purwane setiyo tuhu
Tumindak ingkang bener becik
Kapindhone laku utomo
Akeh kang padha niru
Bejo dunyo lan akherat
Netet\pi janiji kang den antepi
Idi kang Moho Mulyo

3.Katelune kang siro antepi
Guna sarto koyo ingkang halal
Becik laku jantrane
Dadyo jalmo pinunjul
Sugih bondho dunyo kang becik
Ikhlas bayar kanggo zakat
Ojo nganti keliru
Kabeh dhawuh kang kuwoso
Siro kudu biso netepi
Supoyo tambah mulyo

SINOM

1.Nulabdo laku utomo
Kuwajibane wong urip
Ojo gampang keno godha
Mung golek senenge dhiri
Sanak kadang tan pinikir
Grusah-grusuh embuh besuk
Mengkone dadi rekoso
Wirang isin den lakoni
Mula kaki wajibe kudu waspodo

2.Mula kaki kang waspodo
Tindak tanduk diteliti
Metuwo dalan agomo
Batal karam den singkiri
Ridho Alloh kang utami
Al Quran sumber hukum
Kadio Nabi ugo ono
Kabeh tansah dipirsani
Mugo-mugo ngibadahmu katarimo
3.Mung Alloh Moho Kuwoso
Sak isine bumi langit
Titah kalebu manungso
Sapa kang ala lan becik
Ora ana ingkang keri
Kabeh mau titah Ingsun
Ora ana kaliwatan
Teliti senajan cilik
Aku kasikso, bener becik mlebu surgo

POCUNG

1.Kapinucung
Sakawite dongengipun
Dariji iku karan
Lawan kadange pribadi
Purwaniro panuduh jail manabdo

2.Enthik-enthik
Patenono sitemunggul
Gekdosane apa
Dosane ngungkul-ungkuli
Dhi aja dhi malati sadulur tuwo

3.Bener-bener
Enak seger rasanipun
Grah agawe bubrah
Lamun rukun nyantosani
Satemah kabeh nemu mulyo

4.Setan iku
Gawene bujuk-bujuk
Seneng gawe rusak
Janji-janji balenjani
Jail-methakil panasten seneng cidro

5.Panjalukku
Aja nganti kena bujuk
Iman lan takwa
Tansah patuh Mring Yang Widhi
Iku panolake dur angkoro murko

KINANTHI

1.Arep magang dadi srati
Angecis pantese biso
Ning wedi karo gajahe
Telalene koyo lintah
Sinarog gading pejah
Enak dadi serdhadhu
Ning wedi yen diedu perang

2.Enak dadi wong ngemis
Ngalor ngidul entuk pangan
Ora susah nyambut gawe
Susah lamun mongso udan
Wedi lamun keno udan
Mulane ora jejaluk
Ora wurung klingsir modar

3.Becik siro nyambut kardi
Bisa entuk kanggo mangan
Apa wae sak bisane
Iku dadiyo jalaran
Makaryo dalane mulyo
Sregep kanthi setyo tuhu
Dhawuhe pimpinan niro

4.Kudu gemi lan setiti
Urip ora asal mangan
Warno-warno butuhane
Srawung konco nganggo sandang
Nyelingi dadyo sarono
Kanggo kebutuhan besuk
Iku margane kamulyan

DURMO

Malaikat juru pati wus teka
Gamane godo geni
Rante geni ugo
Gedhe dhuwure memedeni
Siro tan biso bonggo
Kadyo bumi ginoying
Penjabute nyawaniro kang dipekso
Lara ngedab – edabi
Sanajan cekakalan
Tetep tanpo diwelasi
Wohing wong kang doso
Bangkang prentahing widi
Naraka jahanam panggonane kang ino
Sikso kang nglarani
Ajeg tanpo mendo
Remuk- remuk ora mati
Langgeng ana kana
Ora biso nyuwun bali
Pra mu’min Kinasih Kang Moho Mulyo
Lamun wus pinesthi
Lego lan legowo
Sumarah takdir Illahi
Antuk pangapuro
Kenikmatan sejati
Izroil widodari mangayu bagyo
Sowane roh kang bekti
Mring Kang Moho Mulyo
Busono edi peni
Kang senedyo ana
Ayem tentrem meng suwargo

GAMBUH

Lamun siro tinitah wong kang agung
Ajo siro gunggung diri
Daksiyo menyang sadulure
Nadyan deweke wong asor
Luwih becik siro aweh pituduh
Kuwajibane ngaurip
Makaryo nyukupi butuh
Ngaji ngudi sih yang manon
Nulabdo laku utomo kang luhur
Dadyo muslim sejati
Srawung setyo satuhu
Kudu tansah andhap asor
Kadir nyebutake lakune Rosul
Ngedohi karom lan najis
Ngerti sakehing hukum
Ghaib batin lan kang katon
Mung menyang Alloh siro pada nyuwun
Ridhane sakalir budi
Ajo nganti siro kliru
Tumindak ora senonoh
Sakalir tindak lan sholate kusuk
Mung Alloh kang mirsani
Akhirate tembe besuk
Koyo- koyo tansah katon

MEGATRUH

Ilmu isi pitiduh
Weruh hukum adoh ing panyendu
Tumindak becik antuk Sihing Yang Widhi
Perintah Nabi den emut
Titah lahir kang katon
Isi Al Qur’an iku
Saka Alloh kanggo mukmin tuhu
Mesthi bener becik kito uri-uri
Slamet dunyo akheratipun
Iku kuasane Yang Manon
Kados Nabi den gugu
Bener lan becik bebuden luhur
Sifat maksum shidiq soleh Ngarso Gusti
Pinasthi titah kang pinunjuk
Ijmak hasil musyawaroh
Alloh ngrekso satuhu
Jo nganti kliru pamilihipun
Syetan lan iblis mungsuh kang bebayani
Ngajak minger ing pituduh
Milik barang ingkang katon
Iman takwa kang weruh
Karom lan batal ojo digugu
Pamilih iro kudu ingkang teliti
Ajo nganti siro kliru
Nyuwun sekso ing Yang Manon

0 Comments:

Post a Comment



Newer Post Older Post Home